Senin, 04 Desember 2023

Falsafah kopi wong jowo (otak atik gatuk)



Kuat dilakoni, gak kuat ditinggal NGOPI


Soale menusa iku sejatine mung kurang siji Yoiku : NGOPI


NGOPI iku tegese (Ngolah Pikiran), 


mulo kopi iku rasane PAIT. 


Nanging sak pait-paite kopi.. Masih bisa digawe LEGI.


LEGI (Legowo ning ati) / Berlapang Dada Hatinya, carane kudu ditambahi GULA 


GULA (Gulangane Roso) / Mengelola Perasaan Baik, sing asale soko TEBU.


TEBU (Anteb Ning Kalbu) / Mantab Hatinya, banjur diwadahi CANGKIR.


CANGKIR (Nyancangne PiKIR) / Menguatkan Pikiran, trus disiram WEDANG.


WEDANG (Wejangan Sing Marahi Padang) / Nasehat Yang Menentramkan Hati, ojo lali DI-UDEK 


UDHEG (Usahane Ojo Nganti Mandeg) / Usaha Jangan Sampai Berhenti, anggone ngudheg nganggo SENDOK.


SENDOK (Sendhekno Marang Sing Nduwe Kautaman) / Pasrahkan Pada Yang Maha Kuasa, dienteni sithik ben rodo ADEM.


ADEM (Ati digowo Lerem) / Hati Jadi Tenang, njur bar kui lagi di-SERUPUT.


SERUPUT (Sedoyo Rubedo Bakal Luput) / Semua Godaan akan Terhindar.


Meniko Falsafahipun NGOPI